Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak ibu guru SMA N Semesta Alam 1 

Sedaya kanca-kanca seperjuangan ingkang kawula tresnani. 

Langkung rumiyin monggolah kita sesarengan ngunjukaken takwa lan syukur dhumateng Allah, ingkang sampun amaringi sedaya kanikmatan dumateng kita, lan sahingga kita saged makempal sesarengan wonten ing ruangan menika. 

Sholawat ugi salam mugiya kaunjuk dhumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiyamat. 

Hadirin ingkang kawula hormati, jumenengipun kula wonten mriki badhe nyampeaken pidhato utawi sesorah kanthi judul pentingipun pendidikan. Micara bab pendidikan punika pembahasane wiyar sanget, pramila ing sesorah menika kula persingkat mawon. 

Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan sak piturute. Wonten ing sekolahan para siswa diwenehi pendidikan ugi wawasan pemerintahan, wawasan ilmu alam, wawasan ilmu sosial, ilmu agama lan sak piturute. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon koyo SD/MI SMP/MTS SMA/MA lan sak piturute. Sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundikemawon tempat, ora mung nanging ning sekolah. 

Hadirin ingkang kinurmatan 

Pendidikan ingkang penting sanget inggih punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab sang saya majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak tata krama. Mula tugas para guru saha wali murid kudu nemeni anggene ndidik para puta-putri terutamanipun ndidik akhlak supadoos bener lan pinter. 

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah sanget mulai saking griya kalih tiyang sepahipun. Sakniki sampun jarang kita mireng putra-putri matur kaleh tiyang sepah ngagem bahasa krama, sing katah nggih ngagem ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih meniko bahasa krama luwih-luwih krama inggil. 

Hadirin ingkang berbahagia 

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados poro siswa saged mangertosi ilmu umum, saget mangertosi ilmu agama, saget mangertosi ilmu adab lan ugi tatakrama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saged ngrasakke piyambak gelane ora sekolah lan rugi sanget. 

MEKATEN, LAN CEKAP SEMANTEN INGKANG KULA ATURAKEN , MUGI – MUGI KULA LAN PANJENENGAN SEDAYA KALEBET TIYANG ISLAM INGKANG PIKANTUK RAHMAT, LAN RIDHANIPUN ALLAH SWT. AMIN 

KIRANG LANGKUNGIPUN NYUWUN PANGAPUNTEN 

Menika sekedhik sesorah ingkang saget kawula aturaken, migaya manfaat.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Baca Juga 33+ Contoh Puisi Bahasa Jawa(Geguritan) Lengkap

Post a Comment for "Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan"