Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Tata Krama

Tata Krama Ingkang Kirang Wonten Kalangan Kawula Mudha

Assalamualaikum Wr Wb.

Bapak/ibu dewan juri ingkang minulya Ugi para kanca ingkang kula tresnanil, Sumangga kita sedaya sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring berkah pangestu dhumateng kita sedaya, saengga kita saget ngrawuhi adicara punika. Keparenga ing wekdal punika kula badhe ngaturaken bab : "Tata Krama Ingkang Kirang Wonten Kalangan Kawula Mudha".

Bapak/ibu dewan juri saha para rawuh ingkang kula mulyaaken, sak mangke kathah kawula mudha ingkang tindak-tandukipun kirang trapsila lan kirang ngajeni dhumateng tiyang sanes, langkung-langkung dhumateng tiyang sepuh. Wonten jaman punika taksih kathah kawula mudha ingkang mboten saget wicanten Basa Jawi alus utawi krama. Kula miris sanget amargi kathah kawula mudha ingkang mboten purun nyinaoni bab Basa Jawi.

Pramila punika, prayoganipun kawula mudha ngetrapken wicanten Basa Jawi alus utawi krama, kados ingkang sampun dipun wucalaken wonten sekolah. Inggih punika unggah-ungguh utawi tata krama wonten ing sajroning basa, ugi tindak-tanduk ingkang sae lan sopan. Contohipun kados pundi caranipin matur dhumateng guru lan tiyang ingkang langkung sepuh. Menawi kita saget nindakaken tata krama lan wicanten Basa Jawi alus ingkang sae, ateges kita nderek njagi budaya jawi lan mbiasaaken tindak-tanduk ingkang sae saben dintenipun.

Bapak/ibu lan para kanca sedaya, monggo wiwit sak menika kita sedaya njagi Budaya Jawi ingkang adiluhung. Kathi cara ngleksanaaken tata krama ingkang sae, langkung-langkung wonten kalangan kawula mudha ingkang tata kramanipun kirang. Supados bangsa Indonesia saget nglairaken generasi penerus bangsa ingkang anggadhahi tata krama ingkang sae lan bangsa indonesia saget dipunajeni dening bangsa lintu.

Bapak/ibu lan para rawuh sedaya ingkang minulya, cekap semanten ingkang saget kula aturaken. Mugi-mugi saget dados pangenget-enget lan intropeksi diri kangge kita sedaya. Mbok bilih wonten lepat anggen kawula matur, ugi solah bawa ingkang kirang trapsila kula nyuwun angunging samodra pangaksami, suwun.

Wassalamualaikum Wr Wb.

Post a Comment for "Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Tata Krama"